Kamis, 13 Januari 2011

SENYUM SEJENAK SERI 87


SAYANG ANAK
Dargombez oleh tugas penyerbuan nang sarange GAM.
Repote, anake Dargombez sing jenenge Tole umure sik sepuluh taun gak gelem
ditinggal njaluk melok.
Mergo sayang anak, akhire Tole dijak pisan, mari mulih sekolah langsung
melok numpak pesawat.
Nang pesawat wis onok koncone Dargombez jenenge Togog ambek Gempil.

Pas nang awang-awang, dhadhak mesin pesawate mbrebhet terus mati.
Wong papat iku mau mulai pucet kepoyoh-poyoh royokan parasut.
Lha masalae parasute iku mek telu, padahal wonge onok papat termasuk Tole
anake Dargombez.

Mergo wedhi kedisikan, Togog langsung nyaut parasut terus terjun metu pesawat.
Mari ngono Gempil gak gelem kalah, melok nyaut parasut terus terjun pisan.

Dargombez terus rundingan ambek anake, sopo sing kudhu ngalah soale parasute
kari sithok.

"Le anakku, parasut iki gawe awakmu ae, masa depanmu sik dhowo. Bapak mek
titip salam gawe mbokmu yo Le."

"Pak, sampeyan wis gak usah mbrebes mili, ngisin-ngisini markas besar ae.
Iki lho parasute sik onok loro. " jare Tole.

"Lho kok isok ngono, lak mau wis disaut Togog ambek Gempil ?" Dargombez heran.

"Sing disaut Om Togog iku mau tas sekolahku . . ."

PESAN MORAL :
Sayang anak yo ndelok2 sek lah mosok digowo perang
Keselamatan anak luwih utomo
Ojok sembarang nyaut barange wong

Tidak ada komentar:

Posting Komentar